Pertemuan rahasia Senapati dan Nyai Ratu Kidul

Suara Nyi Suprapti – pesinden asal Sragen, terdengar bening ketika melagukan Tembang Asmaradana ini:

  1. Wana Kahyangan kang nami, inggih saprikirina, ing riku Senapatine, tapa ing sangandhahira, angeningaken sagung cipta, ingkang wasta sela payung, awit saking genging kaparanan.
  2. Wonten riku ngantos lami, saged jumpuh penggalihnya, papanipun kenging kangge, ameleng nancepken cipta, cipta wening sanyata, amargi ing ngriku samun, midid kanang samirana.
  3. Sajroning semadi hening, sangandhaping payung sela, sring ngenggar-enggar, aneng kedhung banjur siram, sangisoring grojogan, madhep ngarsaning Hyang Agung, wonten nginggiling sela gilang.
  4. Sru tapane Senapati, kadenangan dening liyan, mring saweneh janma kiye, wong wadon ing padhukuhan, nggih ing sacelakira, kang arane Nyai Puju, tukang golek sagung lata.
  5. Kasade pecel wus dadi, iku ing saben arinya, sumurup satriya baguse, gung kapranah jroning driya, maring sang Panembahan, ing semu banget kapencut, mila tansah sesingidan.
  6. Sinapa mring Senapati nuli samya wawan sabda, Nyai Puju salajenge, saged nglalekake wisma, umun umun budhalipun, mantuk sonten tekeng dalu, mekaten sepolahira. read more