Presiden Kula Ical

Cah lanang sing lagi dheleg-dheleg neng lincak kuwi lambene ndremimil ora karuwan. Mboh apa sing dadi pikirane. Sajake rada slenco. Nanging yen ditamatke kok sandhangane resik ora kaya adat sabene wong edan sing blayangan neng ndalan-ndalan kae.

Sing nggenah cah lanang kuwi pancen waras pikirane wong nyatane dheweke isih bisa aruh-aruh marang Lik Suryat sing liwat neng ngarepe.

“Badhe tindak pundi, Lik?” cah lanang kuwi nyapa Lik Suryat.

“Iki apa arep neng warung ngarep kae!” ujare Lik Suryat.

“Wah… Lik Suryat badhe mipik napa menika, anu Lik… kula ndherek nggih. Sinten ngertos kula saged ngrewangi mbeto blanjanipun panjenengan,” ujare semanak.

“Wis ra sah… Jo. Kok malah ngrepoti wong liya,” Lik Suryat nolak karepe Paijo.

Paijo mbesungut amarga ora oleh melu blanja.

“Lha kowe kok ora mblebu kerja ngapa. Jo? Apa lagi prei?” pitakone Lik Suryat.

“mBoten Lik. Kula di-PHK saking pabrik. Jarene niku pabrik mboten saged mbayar buruhe. Kelarangen. Lha pripun to Lik, wong UMK-ne mundhake nggih dhuwur sanget je. Sakjane, mblanja kula sing wingi nika yang cekap kok kangge urip sabendinane. E, kok kanca-kanca kula ndadak demo-demoan barang. Wis, malah dipecat kabeh. Kujur tenan, Lik!” ujare Paijo, melangsa.

Lik Suryat meneng bae. Dheweke ya ngerti yen saben dina ada demo nuntut upah mundhak. Tuntutane buruh ya ora mlebu nalar. Yen dadine malah gawe sengsarane nasib buruh kaya Paijo ngono kuwi banjur sapa sing disalahne.

“Negara kok kaya ora ana presidene,” suarane Paijo nggrememeng.

“Kowe ngomong apa, Jo?” pitakone Lik Suryat.

“Anu, Lik. Kadose presiden kula kok ical, nggih?” ujare Paijo.

“Hah?! Pemilu isih taon ngarep kok kowe wis ngarep Ical dadi presidenmu, to? Apa ora nggege mangsa?” Lik Suryat kaget.

“Sing kula masuk senes Ical sing ARB niku. Ical… Lik. Ilang, maksud kula,” ujare Paijo karo mesem.

“Ha… yen ical ya digoleki to, Jo!” celathune Lik Suryat.

“Lha nggih to Lik, napa pak presiden kendel mawon mboten mikir nasib kula?” pitakone Paijo.

“Haiya, embuh… wis… sida melu blanja aku ora?” Lik Surya menyat saka ngarepe Paijo.

Wong sakloron kuwi nutugake rembug sambi mlaku.