Jaman bubrah

Berikut bunyi email yang dikirim oleh Denmas Ario Trengginas kepada kawan-kawannya. Ia memrihatinkan tatanan negeri yang serasa mau bubrah saja.

Tata prajaning donya umyeg agawe mumet, ana raja njaluk mundhak blanja, akeh pangrehpraja rame-rame mlebu kunjara, ana UFO byayakan nang sawahe tangga, akeh jaka dadi dudha, ora sithik prawan sing nglairne putra tanpa bapa, randha towo-towo raga, jare ora penak yen turu dhewe tanpa kanca jejaka. Ana maneh prekara liya, akeh putra sing wani nglawan karo wong tuwa. Panggonan ngibadah ora tau disaba malah seneng dolan omahe germo. Diajak ngibadah mesthi semaya, jare sambat boyoke lara. Sing meneng bisaa rumangsa lan sing ngguyu tandhane kulina. Elinga ya kanca, yen dipundhut sewayah-wayah ora milih enom utawa tuwa. Mula ya kanca, aja lali ngibadah maring Sing Kuwasa, yen mati ben mlebu suwarga. Yen mlebu suwarga aja lali HP-ne digawa, ben bisa ngabari para kanca sing manggon ana neraka.

Anda paham maksudnya, kan?