Adegan Gara-gara

Dalam pentas wayang kulit, munculnya Punakawan – Semar, Gareng, Petruk, Bagong, jadi pertanda kalau di dunia ini sedang dilanda sebuah gara-gara. Inilah salah satu narasi yang menceritakan keadaan gara-gara versi Ki Dalang Anom Suroto dalang favorit saya.

Gara-gara, nut wedharing pustaka Jayabaya, kalamun mobah misiking jagad yektine mengku purbaning Hyang Murbeng Rat, nadyan mangkana parandene laku jantrane umat akeh kang nisih saking wiradat, ing pamrih nedya oncat saking garising kodrat. Mila datan mokal ngendi enggon ngendi papan akeh manungsa ingkang karindhu pakartining jajalanat. Prasasat keblat papat mung isi maksiat, donga salawat datan kerumat, laku tikarat sambate jare ora kuwat. Rina wengi ora kendhat mung tansah angatik siasat, ing pamrih nedya oncat saking saringat, lanang wadon pada dene ngumbar laku syahwat, ora mikir walat, ora mikir uripe mbesuk ana akhirat. Wong sugih lumuh zakat, yen ana wong shalat malah diendat, sing diburu mung undaking pangkat. Benere kaya sipat, kalah kuwasa, kalah limpat, embuh najis embuh haram waton kuwat ya diangkat, nekat disikat. Wus dadi jamak lumrahe lamun ombyake kahanan anut jaman kelakone, wewangsane wis nyebutake ana kalane ana desa ilang rejane, gunung ilang kukuse, pasar ilang kumandhange, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon lali nyimpen wewadine. Lah ing kana akeh wong kang lali marang agamane dhewe-dhewe. Sing haram dilalekake, omong cidra dikulinake, pantrihe mung arep golek mblendhuke wetenge dhewe. Sabarang tindak nggugu nafsuning setan, apuskrama dienggo pakaryan, endem-endeman sedalan-dalan, nyambut gawe pada sungkan, bandha negara dienggo rahayan, ngendi enggon ngendi papan, akeh kebak wong jahil, sing digunakake akale kancil, ora preduli tanggane mecicil, bakune awake dhewe antuk hasil, embuh nguntit embuh nyathil, waton kecandhak isine kendhil. Nanging pama dieling, sabeja-bejane wong kang lali, isih beja kang eling lan waspada. Engeta marang panguwasaning hukum karma, wong nandur bakal ngunduh, utang nyaur nyilih mbalekake, nggawa mbalekake, nggawe bakal nganggo. Sirep ingkang gara-gara, yen ta manungsa wus datan noncati rehing kahutaman, weruh marang kuwajiban, ora nrajang marang pranatan. Ing kana bakal tansah tinuntun dening Pangeran.

Gara-gara, menyitir dari Serat Jayabaya bahwa keadaan dunia itu menurut kehendak Tuhan yang Maha Kuasa, meskipun demikian tindakan manusia banyak yang menyimpang dari norma. Maka di mana-mana banyak manusia yang terperosok pada tindakan amoral. Ibaratnya, ke mana arah mata angin hanya untuk maksiat, berdoa dan baca salawat dilupakan, berpuasa tidak dilakukan dengan alasan tidak kuat. Siang malam tidak putus menyusun siasat, dengan harapan terlepas dari jerat hukum, laki-perempuan sama-sama mengumbar syahwat tidak memikirkan akibat, tidak memikirkan hidup di akherat kelak. Orang kaya tidak pernah sedekah dan membayar zakat, kalau ada orang shalat malah dihujat, hanya memburu kenaikan pangkat dengan segala cara ditempuh, entah najis entah haram yang penting mendapatkan apa yang diinginkannya. Maka zaman sekarang ini ibarat desa kehilangan keramaian, gunung kehilangan asap, pasar kehilangan gemanya, laki-laki kehilangan sifat kejantannya, sementara yang perempaun kehilangan rasa malunya. Banyak orang yang melupakan agamanya masing-masing. Hal yang haram dianggap biasa, berbohong dan tidak jujur menjadi kebiasaan  dan gaya hidupnya, yang penting perutnya kenyang. Segala tindakan mengikuti kehendak setan, menipu orang jadi pekerjaannya, minun minuman keras di sepanjang jalan, malas berkarya, harta negara dijarah, di mana-mana banyak orang licik dan jahil, menggunakan akal kancil, tidak perduli tetangganya yang miskin, yang penting dirinya mendapatkan hasil, entah dengan korupsi atawa mencuri. Harus diingat bahwa seberuntungnya orang lupa, masih beruntung orang yang selalu ingat dan waspada. Ingatlah pada hukum karma, siapa yang menanam akan menuai, hutang harus bayar pinjam harus mengembalikan, membawa harus mengembalikan juga, orang yang membuat ia akan memakai. Setelah gara-gara padam dan sirna, manusia yang bertindak utama mengerti akan tugas dan kewajibannya, tidak melanggar norma, di situlah akan selalu dibimbing oleh Tuhan.

Dok… dok…dok… derodok…..dok….

Mengkana, sasirepe gara-gara ana teja manther sasada lanang sirnaning teja ana manungsaning ngabathara ambegogok kaya tenggok, thenguk-thenguk kaya gumuk. Sinten ta dasa naminira ingkang melok-melok kaya tembok. Inggih punika Kyai Lurah Semar inggih Kyai Badranaya. Mila peparap Kyai Lurah Semar, among saking kalanturing panyandra dening wujude sarwa samar. Yen winastanana wanita sajatine priya, lamun winastanana priya dene kopeke sakilan. mBoten dumeh ala tanpa rupa. Kyai Lurah Badranaya sajatine punita jawata ngejawantah. Sang Hyang Ismaya ingkang namur kawula anglampahi tapa ngrame minangka pamonge para satriya. Mila mboten dumeh wulu cumbu gedibal sangalikur, lamun kersaa wirya, sakedheping netra kewala sayekti saged ambawani bawana. Sanadyan Hyang Jagad Nata ora wenang ngalangana. Duk samana, Kyai Lurah Semar esmu kewangkungen ing driya, dene kapisah lan sutane jalu kekasih, Bagus Petruk miwan Nala Gareng.

~oOo~

Syahdan, Kyai Semar sedang bersedih hati. Ia merindukan kedatangan kedua anaknya selain Bagong, yaitu Petruk dan Gareng. Kyai Semar tidak tahu kalau Petruk sekarang sudah jadi seorang presiden raja.

[bersambung minggu depan]