Wani pira?

Ndelok debat kandidat gubernur DKI neng Metro TV antarane Foke-Nara karo Jokowi-Ahok ndek mau, aku rada getem-getem marang pasangan nomer siji. Lha piye to, kok panjenengane sajak arogan banget, kaya-kaya sing nduweni Jakarta. Apa maneh pas Pak Nara nggawe pitakonan marang Pak Ahok, wis… jian… babar blas ora ngatonake menawa panjenengane kuwi pimpinan sing mestinya bisa dadi tuladhaning liyan, klebu rakyat kang bakal milih ing Pilkada tanggal 20 September 2012.

Sak liyane kuwi, pasangan nomer siji wis katon tuwek-tuwek, dibandhingne pasangan nomer telu. Sing tuwek luwih becik momong putune wae.

Pancen wiwit biyen aku ndukung Jokowi-Ahok amarga melu ngramekake kahanan wae, wong nyatane aku dudu warga Jakarta kang ora nduweni hak nyoblos ing Pilkada DKI. Rasane seneng wae mangerteni hasil putaran siji mbiyen panjenengane menang, ing atase piyantun saking ndesa, Pak Jokowi bisa ngalahne petahana gubernur sing jarene kuwat banget soale disengkuyung dening partai lan duwit gedhe.

Nanging sak ora-orane, Jokowi-Ahok wis ngajari wong akeh piye cara main politik sing cerdas kuwi. Kanthi nganggo klambi kothak-kothak wae wis nggawe obah-udrege politik DKI. Mbok menawa Jokowi-Ahok mengko kalah ing putaran loro, sepak terjange bakal ditulis ing sejarah, dieling-eling lan bakal ditiru marang calon gubernur ing papan liyane.

Yen ana pitakonan: mas, sampeyan wani pira menehi angka marang pasangan Jokowi-Ahok?

Kira-kira sing pas ya angka 76%! Angka iki kaya rokoke bapakku, Djarum 76.