Pamitan

by Gesang

Lilanono pamit mulih
Pesthi kulo yen dudu jodhone
Muga enggal antuk sulih
Wong kan bisa ngladeni slirane

Pancen abot njroning ati
Ninggal ndiko wong kan ndak tresnani
Nanging badhe kados pundi
Yen kawulo sak dremo nglampahi

Mung semene
Atur puji kario raharjo
Sakpungkure ojo lali asring kirim warta

Eman-eman mbenjang ndika
Yen to nganti digawe kuciwa
Batin kulo mboten lilo
Yen to nganti mung disia-sia