Mitra Becakan

 

becak pinancal alon
ngalor lan ngidul, ngetan bali ngulon
udan lan panas tanpa ginagas
ceperan ngepas nggo tuku beras

amrih cukup saben dinane
amrih cukup sandang pangane
sing luwih penting dandang ora ngguling, eling

awak yen lagi apes pepes
udane deres clana klambi teles
atine nekat sikil ora kuwat
udan keparat bledek wor kilat

ora sarapan isuk wis mangkat
weteng kroncongan mengine kumat
opo arep kiamat urip kesrakat gawat

~by Gombloh dari album Sekar Mayang~