Kliru nyawang target

Dhek tanggal 4 Juli 1952 kepungkur, ing California Coast lagi dikemuli pedhut esuk. Kira-kira rong puluh mil mengulon ana pulo Catalina, ana wanita sing umure 34 tahun lagi nglangi ing Lautan Pasifik. Dheweke nglangi nyebrang California. Yen dheweke kasil, dheweke bakal dadi wanita kapisan sing kasil nglangi ing segara amba kuwi. Wanita prakosa iku jenenge Florence Chadwick. Sakdurunge kuwi, dheweke pernah dadi wanita kapisan sing nyebrangi selat Inggris kanthi nglangi bolak-balik.

Dina iku banyune adhem banget lan pedhute kandhel banget mula dheweke meh ora bisa nyawang perahu-perahu kang ngetutake dheweke. Sak suwene dheweke nglangi, ana ewon mata sing nonton liwat televisi. Bola-bali iwak hiu nyedhaki dheweke, nanging bisa digusah nganggo dayung. Dhweke terus wae nglangi. Sing dadi prekara paling utama sakjroning nyebrang kuwi dudu bab kesayahan anggone nglangi nanging banyu kang adheme nganti tembus balung-sumsum.

Wis luwih 15 jam anggone nglangi, dheweke sayah banget lan kadhemen. Dheweke njaluk mandhek wae lan diangkat saka segara. Ibu lan pelatihe sing kawit mau ngiringne anggone nglangi, ujar yen dheweke meh tekan tujuwane. Ibune terus menehi semangat marang dheweke supaya aja mandhek lan krasa kalah. Nanging, nalika dheweke nyawang pantai California anane mung pedhut kandhel, ora ana sawangan liyane.

Ora suwe saka kuwi, wis 15 jam 55 menit anggone dheweke nglangi, dheweke diangkat saka banyu. Sakjam sakwise kuwi, awake krasa anget maneh, dheweke getun banget amarga ora kasil ngrampungake nglangine mau. “Aku getun banget karo awakku dhewe. Umpane wae dhek mau aku bisa nyawang dharatan, aku mesti kasil,” mengkono ujare Florence Chadwick.

Nanging piye maneh, dheweke diangkat nang perahu mung 2,4 km wae saka pantai California! Dheweke mratelakake menawa dudu amarga kesel utawa kadhemen sing marahi dheweke nyerah, nanging dheweke ora bisa nyawang target sing ketutup pedhut.