Dalam pentas wayang kulit, munculnya Punakawan – Semar, Gareng, Petruk, Bagong, jadi pertanda kalau di dunia ini sedang dilanda sebuah gara-gara. Inilah salah satu narasi yang menceritakan keadaan gara-gara versi Ki Dalang Anom Suroto dalang favorit saya.
Gara-gara, nut wedharing pustaka Jayabaya, kalamun mobah misiking jagad yektine mengku purbaning Hyang Murbeng Rat, nadyan mangkana parandene laku jantrane umat akeh kang nisih saking wiradat, ing pamrih nedya oncat saking garising kodrat. Mila datan mokal ngendi enggon ngendi papan akeh manungsa ingkang karindhu pakartining jajalanat. Prasasat keblat papat mung isi maksiat, donga salawat datan kerumat, laku tikarat sambate jare ora kuwat. Rina wengi ora kendhat mung tansah angatik siasat, ing pamrih nedya oncat saking saringat, lanang wadon pada dene ngumbar laku syahwat, ora mikir walat, ora mikir uripe mbesuk ana akhirat. Wong sugih lumuh zakat, yen ana wong shalat malah diendat, sing diburu mung undaking pangkat. Benere kaya sipat, kalah kuwasa, kalah limpat, embuh najis embuh haram waton kuwat ya diangkat, nekat disikat. Wus dadi jamak lumrahe lamun ombyake kahanan anut jaman kelakone, wewangsane wis nyebutake ana kalane ana desa ilang rejane, gunung ilang kukuse, pasar ilang kumandhange, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon lali nyimpen wewadine. Lah ing kana akeh wong kang lali marang agamane dhewe-dhewe. Sing haram dilalekake, omong cidra dikulinake, pantrihe mung arep golek mblendhuke wetenge dhewe. Sabarang tindak nggugu nafsuning setan, apuskrama dienggo pakaryan, endem-endeman sedalan-dalan, nyambut gawe pada sungkan, bandha negara dienggo rahayan, ngendi enggon ngendi papan, akeh kebak wong jahil, sing digunakake akale kancil, ora preduli tanggane mecicil, bakune awake dhewe antuk hasil, embuh nguntit embuh nyathil, waton kecandhak isine kendhil. Nanging pama dieling, sabeja-bejane wong kang lali, isih beja kang eling lan waspada. Engeta marang panguwasaning hukum karma, wong nandur bakal ngunduh, utang nyaur nyilih mbalekake, nggawa mbalekake, nggawe bakal nganggo. Sirep ingkang gara-gara, yen ta manungsa wus datan noncati rehing kahutaman, weruh marang kuwajiban, ora nrajang marang pranatan. Ing kana bakal tansah tinuntun dening Pangeran. read more