Cah lanang sing lagi dheleg-dheleg neng lincak kuwi lambene ndremimil ora karuwan. Mboh apa sing dadi pikirane. Sajake rada slenco. Nanging yen ditamatke kok sandhangane resik ora kaya adat sabene wong edan sing blayangan neng ndalan-ndalan kae.
Sing nggenah cah lanang kuwi pancen waras pikirane wong nyatane dheweke isih bisa aruh-aruh marang Lik Suryat sing liwat neng ngarepe.
“Badhe tindak pundi, Lik?” cah lanang kuwi nyapa Lik Suryat.
“Iki apa arep neng warung ngarep kae!” ujare Lik Suryat.
“Wah… Lik Suryat badhe mipik napa menika, anu Lik… kula ndherek nggih. Sinten ngertos kula saged ngrewangi mbeto blanjanipun panjenengan,” ujare semanak. read more