Suara Nyi Suprapti – pesinden asal Sragen, terdengar bening ketika melagukan Tembang Asmaradana ini:
- Wana Kahyangan kang nami, inggih saprikirina, ing riku Senapatine, tapa ing sangandhahira, angeningaken sagung cipta, ingkang wasta sela payung, awit saking genging kaparanan.
- Wonten riku ngantos lami, saged jumpuh penggalihnya, papanipun kenging kangge, ameleng nancepken cipta, cipta wening sanyata, amargi ing ngriku samun, midid kanang samirana.
- Sajroning semadi hening, sangandhaping payung sela, sring ngenggar-enggar, aneng kedhung banjur siram, sangisoring grojogan, madhep ngarsaning Hyang Agung, wonten nginggiling sela gilang.
- Sru tapane Senapati, kadenangan dening liyan, mring saweneh janma kiye, wong wadon ing padhukuhan, nggih ing sacelakira, kang arane Nyai Puju, tukang golek sagung lata.
- Kasade pecel wus dadi, iku ing saben arinya, sumurup satriya baguse, gung kapranah jroning driya, maring sang Panembahan, ing semu banget kapencut, mila tansah sesingidan.
- Sinapa mring Senapati nuli samya wawan sabda, Nyai Puju salajenge, saged nglalekake wisma, umun umun budhalipun, mantuk sonten tekeng dalu, mekaten sepolahira. read more